Urip

HL-News
1 Min Read

Puisi karacik dening
Jayanto Arus Adi

Urip kuwi urup
Lamun urup bisa murup
Jer rogo dadi gagah
Obah mobah agawe berkah
Jer siro tan keno meneng anteng
Ora obah ora mamah
Urip kuwi mlaku
Niti tata, niti mongso
Owah gingsir nandhang cidro
Ora keno
Kuwi mung agawe molo
Mulo tansah eling ing trap siloning laku
Mulat sariro hangroso wani
Manjing, ajur, ajer
Manunggaling kawulo lan Gusti
Ora kena wola wali
Sopo siro, sopo ingsun kuwi degsuro
Den samyo marsudheng budi
Luhur wekasane
Eling eling, menungso iku
Wis cetho dalane, ginaris kang patithis
Ora kena kembo, apa maneh muthung
Wuningono, lamun cinithak podho, ginaris bedho
Mulo aja sepi ing usodo
Usodo sing sawiji
Sepi ing pamrih rame ing gawe

Kota Wali Februari 2023

Share This Article
Tidak ada komentar